Rabu, 07 November 2012

PERIBAHASA JAWA

PERIBAHASA JAWA
Sithik-sithik supoyo ngerti..

A
Adhang-adhang tetese embun :
njagakake barang mung sak
oleh-olehe.

Adigang, adigung, adiguna :

ngendelake kekuwatane,
kaluhurane lan kepinterane.


Aji godhong garing (aking) : wis
ora ana ajine / asor banget.

Ana catur mungkur : ora gelem
ngrungokake rerasan kang ora
becik.

Ana daulate ora ana begjane :
arep nemu kabegjan nanging ora
sida (untub-untub).

Ana gula ana semut : papan sing
akeh rejekine, mesti akeh sing
nekani.

Anak polah bapa kepradah :
tingkah polahe anak dadi
tanggungjawabe wong tuwa.

Anggenthong umos (bocor/
rembes) : wong kang ora bisa
nyimpen wewadi.

Angon mongso : golek waktu
kang prayoga kanggo tumindak.

Angon ulat ngumbar tangan :
ngulatake kahanan menawa
kalimpe banjur dicolong.

Arep jamure emoh watange :
gelem kepenake ora gelem
rekasane.

Asu rebutan balung : rebutan
barang kang sepele.

Asu belang kalung wang : wong
asor nanging sugih.

Asu gedhe menang kerahe :
wong kang dhuwur pangkate
mesti bae gede panguwasane.

Asu marani gebuk : njarak /
sengaja marani bebaya.

Ati bengkong oleh obor : wong
kang duwe niyat ala malah oleh
dalan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar